Rabu, 03 Oktober 2007

Tip's Wawancara Kerja

A

G : Kowe nduwe omah opo ora.....? (udah punya rumah apa belum)
A : Dereng.... (belum)
G : Wah kowe ora iso ketompo nang kene (wah, kamu tidak bisa diterima disini)
A : Lho kok ngaten...... ..? (kok bisa?)
G : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan. (lha nanti pasti kamu mengajukan hutang ke perusahaan)
A : Ah.. mboten, kok. Sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih. (tidak, sebetulnya orang tua saya itu sudah kayak)
G : Yo malah ora ketompo (ya, malah tidak ketrima)
A : Lho kok ngaten.....? (Lho kok bisa…?)
G : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae. (nanti kamu kerja cuman buat hiburan, santai santai aja)
B

G : Kowe nduwe motor opo ora....? (kamu punya motor tidak?)
B : Mboten. (Tidak)
G : Ora ketompo (tidak ketrima)
B : Lho kok mboten ketampi? (lha kok tidak diterima)
G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit. (nanti pasti minta bantuan kredit)
B : Sak janipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki. (sebetulnya punya, namun masih di kampong. Gampang nanti saya ambil)
G : Wah malah ra ketompo.... (wah…malah tidak diterima)
B : Lho kok ngoten...? (lho kok bisa…?)
G : Tempat parkire wis ra cukup. (tempat parkirnya tidak cukup)

C
G : Kowé wis lulus sarjana tenan.....? (Kamu sudah benar benar lulus sarjana khan?)
C : Sampun, Pak.... (sudah pak)
G : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan bén mbayaré murah (tidak diterima, disini mencari yang SMA. Lebih menurut dan bayarannya murah)
C : Sak janipun kulo tasih badhe skripsi (Sebetulnya saya masih akan skripsi)
G : Malah ora ketompo..... (malah tidak ketrima)
C : Lho, kados pundi, tho....? (Lha gimana tho..?)
G : Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, lék wis lulus mesti golék kerjo neng perusahaan liyo. (nanti kamu kerjanya cuman ngetik skripsi, kalau sudah lulus mesti cari kerjaan di perusahaan lain)

D
G : Kowé seneng guyon opo ora? ( kamu suka bercanda tidak?)
D : Mboten pak, kulo serius yén nyambut damel. (Tidak pak, saya serius kalau bekerja)
G: Ra ketompo..... (tidak diterima…)
D : Waa......kok ngoten? (wah…kok begitu?)
G : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress. (nanti teman dan anak buahmu pada stress)
D : Sak jané nggih sekedhik sekedhik seneng guyon. (Sebetulnya iya sih sedikit sedikit suka bercanda)
G: Malah ora ketompo. (malah tidak diterima)
D : Lho kok...... (lho kok…)
G: Engko kowé mung email emailan sing lucu..... (nanti kamu malah email-emailan yang lucu-lucu)

E
G : Kowé mau mréné numpak opo? (Kamu tadi kesini naik apa?)
E : Nitih mobil (mobil)
G : Kowé ora ketompo (kamu tidak diterima)
E : Sebabipun? (lha alasannya?)
G : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowé njaluk mundhak bayar terus. (sekarang BBM naik terus, nanti kamu minta naik gaji terus )
E : Wo, kulo wau namung mboncèng, kok (wo..saya tadi mbonceng kok)
G : Tambah ora ketompo (tambah tidak ketrima)
E : Lho, lha kok ... ??? (lho, kok…)
G : Mengko mung gawéné mboncéng mobil kantor. Ngrusuhi (nanti kerjaannya mbonceng mobil kantor. Ngrepotin)

F
G : Anakmu akèh opo sithik? (anakmu banyak atau sedikit)
F: Kathah pak (banyak pak)
G : Kowé ora ketompo (kamu tidak diterima)
F : Sebabipun ? (lha karena..?)
G : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanaaaaaak terus (kerjamu gak serius, cuman mikir buat anak terus)
F : Lha wong namung anak adopsi, kok. (lha, cuman anak adopsi kok)
G : Tambah ora ketompo (tambah tidak diterima)
F : Lho, lha kok ....(lho, kok bisa…)
G : Gawé anak waé aras2en, opo manèh nyambut gawé (bikin anak aja malas malasan, apalagi kerja…)

H
G : Kowé wis ngerti gawéyanmu durung ? (Kamu sudah tahu kerjaanmu belum)
H : Dèrèng (belum)
G : Kowé ora ketompo (kamu tidak diterima)
H : Sebabipun ? (masalahknya?)
G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti gaweyané ? (mau kerja kok tidak tahu kerjaannya)
H : Oo, nèk damelan niku mpun ngertos kok (o…kalau kerjaan itu sudah tahu kok..)
G : Tambah ora ketompo (Tambah tidak diterima…)
H : Lho, lha kok ... ? (lha kok bisa..?)
G : Kowé rak mung arep keminter, to ? (Kamu cuman mau berlagak pintar tho..?)
K
G : Kowe ngerti kahanan kantor k éné durung (kamu tahu keadaan kantor tidak?)
K : Dèrèng (belum)
G : Kowé ora ketompo (kamu tidak diterima)
K : Sebabipun ? (Masalahnya)
G : Arep nyambut gaw é kok ora ngerti kantoré ? (Mau kerja kok tidak tahu apa apa)
K : Wo, sekedhik2 mpun ngertos kok (Kalau sedikit sedikit sudah tahu kok)
G : Tambah ora ketompo (tambah tidak diterima)
K : Lho, lha kok ... ? (lho kok bisa)
G : Kow é senengané ngudhal-udhal wewadi kantor, to? (kamu mau buka aib kantor tho?)

M
G : Kowé kerep loro ? (kamu sering sakit?)
M : Mboten (tidak)
G : Kowé ora ketompo (kamu tidak diterima)
M : Sebabipun ? (masalahnya?)
G : Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering (Pasti sering bolos, lha wong jarang sakit)
M : Wah, sakjanipun nggih asring (wah, sebetulnya sih sakit juga)
G : Tambah ora ketompo (Tambah tidak diterima)
M : Lho, lha kok ... ? (Lha, kok bisa…)
G : Kantor iki ora nompo karyawan pileren. (kantor ini tidak menerima karyawan penyakitan)

N
G : Kowé biso main Internét? (kamu bisa main Internet?)
N : mBoten (tidak)
G : Kowé ora ketompo (kamu tidak diterima)
N : Sebabipun ? (masalahnya?)
G : Perusahaan ora nompo wong BI (Buta Internet) (perisahaan tidak menerima orang Buta Internet)
N : Wah, sakjanipun nggih saged (wah, sebetulnya sih bisa…)
G : Tambah ora ketompo (tambah ora diterima…)
N : Lho, lha kok ... ? (lho kok bisa)
G : Mesthi ora bakal nyambut gawé, kakèhan dolanan Internet, to? Ngenték-entekké pulsa ! (pasti tidak akan bekerja, kebanyakan main internet khan?)

O
G : Kowe waras opo ora? (kamu normal apa tidak)
O : Lha, kulo nggih waras to Pak. (lha saya tidak gila tho pak)
G : Ra ketompo..... .. (tidak diterima)
O : Kenging nopo .....? (sebabnya apa?)
G : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene. (nanti kamu mesti tidak krasan disini)
O : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan. (Itu dulu pak, sekarang sudah agak gila)
G : Malah ra ketompo..... . (malah tidak diterima)
O : Pripun to niki....? (Gimana sih ini..?)
G : Mengko aku duwe saingan..... ....(Nanti aku punya saingan…..)

WAKAKAKAKAKAKAKAKAKAKAKAKAKAKAKAKAKAKAK